[SNSD Movement] Pasudhiyan Getih Kurang, PMI Nggelar Donor Darah Massal

Diposting oleh 100quarantee on Sabtu, 10 Maret 2012


Aksi donor darah kang digelar dening PMI cabang Bantul bebarengan karo Rumah Sakit PKU Muhammadiyah Bantul iki sak ora-orane di eloni dening pendonor cacah 125. Kegiatan kang digelar ing gedung patemon RS PKU iki minangka wujud preduline Manajemen Rumah Sakit sawise pasudhiyan getih ing PMI kabiji tansah kurang.

Adedasar data ing PMI cabang Bantul, jrone taun 2011 PMI ngalami kekurangan pasudhiyan getih ing saben sasine watara 200 kamplek. Dipesthekake nganti sasi Maret 2012 PMI uga isih ngalami kekurangan pasudhiyan getih. Peserta aksi donor darah massal ing wektu iki yaiku karyawan rumah sakit, anggota Polri lan TNI Bantul sarta juru warta.

Humas RS PKU Muhammadiyah Bantul, Budi Santosa nelakake donor darah iki mujudake kegiatan amal kemanusiaan kang ajeg ditindakake saben telung sasi sepisan. Padatan peserta donor mujudake karyawan, nanging pehake uga ngajak warga masyarakat supaya melu ndonorake getihe. Kegiatan donor darah iki kudu tansah ditikelake kanthi pangajab bisa nambah gunggunge para pendonor. (Purwanto-Bantul)

maaf info dalam bahasa jawa XD

manteb | kaskus | kompas | detik | okezone | SNSD Movement

Klik tombol like diatas... Jika anda menyukai artikel ini.
Terima Kasih telah mengunjungi Blog ini,
Jangan lupa untuk memberikan komentar pada form dibawah post ini...

Share / Bagikan Artikel ini ke teman Anda :

{ 0 komentar...Tambahkan Komentar Anda }

Posting Komentar